Friday, June 1, 2012

mbul aku kangen koe mbuuuuul :(



Mbul, aku gak ngurus yo mbuh koe ngomong aku lebay toh alay. Aku encen lebay tur alay. Seng penting aku pengen nules. Wong sak jagat ngerti yo rapopo. Yo ben. Malah apik. Ben dikandakno koe. Aku kangen koe mbul. kangen banget sumpah! Koe neng endi? Di sms gak dibales. Ditelpon malah mbak operator seng ngomong og piye.

Piye kabarmu mbul? Koe ijek nang jeporo po? Po wes nang yogjo? Jangan-jangan koe disekap mbokmu yoh. Astaghfirlloh. Tak dongakno koe sehat wal afiat mbul. Aku sayang karo koe (asemik aku dadi koyo lesbi).

Wes pirang ulan jal ra ketemu? Terakhir ketemu kan pas pendadaranku kae. Tego men koe. Iku wae ra sempet ngobrol2. Jerene pengen crito. Kene mbul, kupingku wes siap. Suwengi yo rapopo. Karo nonton film yo asik. Aku yo ndue crito uakeh. Asoy lo critoku.

Koe ora diciulik alien toh? Nek diculik aku mbok dijak. Kan aku seng pengen diculik alien. Kok malah koe seng ngilang. Ndang cepet mbalek mbuul. Eh, jangan-jangan koe rabi karo kancil yoh? Asemik ra ngomong-ngomong. Asemik aku didisik’i! Ra trimo! Sik sik, koe ora sido dijodohno karo wong tuwek sugeh kae toh? Mugo2 ora ya alloh.

Mbul ayok mangan soto meneh. Referensiku wes tambah akeh tentang dunia persotoan. Ayo tak tantang. Koe wani ra nek rong minggu sarapan soto terus? Berturut-turut. Koe durung tau nyobo soto ngarep asrama andalanku toh? Koe mesti ketagihan. Yakin.

Oh iyo, berita gembira. Awak dewe meh ndue ponakan. Raiso mbayangno aku si mustice meteng. Bocah kurune ngono ndang meteng og. Jal dibayangno jal. mesti lucu. Saiki ra ono seng isok dijak gendeng meneh. Ternyata ngene yo rasane ditinggal konco ki. Dunia rasane berakhir og ra ono koe2 ki. Mustice yo kangen karo koe. Koe sering tak rasani karo dekne.

Koe njaluk tak parani po? Nek aku ngerti posisimu tak parani tenang og. Sayange aku ra ngerti. Aku yo ra ngerti omahmu. Nomere kancil kae ternyata ora kesimpen.

Mustice nek nang yogjo mesti nggarap skripsi. Ndredeg ketemu pinus. Koyo aku mbiyen. Hehe. Si Bayu yo wes mulai nggarap skripsi. Wingi tulisane tak woco. Tapi yo ijek amburadul ra jelas kae. Tapi aku seneng paling gak dekne wes gelem mbukak skripsi. Bobi yo mulai nggarap. Ternyata bocah kae wes dadi juragan iwak. Koe piye? Ndak wes tau ketemu pak faruk? Ayo mbul dimulai sithik-sithik. Ayo tak ewangi sak isoku. Wong liyo iso tak ewangi mati2an ngopo koe kok malah ora? Aku sedih ik nek wisuda dewean ki. Mustice jerene ora wisuda :(

mbul bales smsku mbuuuuul. Angakat telponkuu. Jarang-jarang loh aku nelpon cah wedok ki..koe ra bangga po?

#mbul susi,mugo-mugo koe moco iki, po ono wong liyo seng ngandakno yo ra popo

No comments:

Post a Comment

Jatuh Cinta Seperti di Film-Film

 Halo! Apa kabar? Semoga kamu baik, ya.  Kamu sudah nonton Jatuh Cinta Seperti di Film-Film ? Aku sudah. Dua kali di bioskop.  Setelah nonto...